Siapa yang Pingin Pulang Masa Tahun 1990 - 1996? (Dalam Bahasa Jawa)

Bus angkutan penumpang tahun 1990-1996

Ing tahun 1990 lan salajengipun ngantos tahun 1996, regi uwos saben kilogram (cara gampilipun anggenipun kita ngetang) inggih menika Rp. 600 ngantos Rp. 700. Regi bensin saben 1 liter inggih menika kirang langkung Rp. 450 ngantos Rp. 650.

Nalika panjenengan kagungan arta Rp. 3.000.000 utawi Rp. 4.000.000, panjenengan saged mundhut sepedhah montor Astrea ingkang enggal. Saumpami panjenengan kedah nambah, paling-paling panjenengan namung kedah nambah Rp. 400.000 (kirang langkung). Nanging, uang muka utawi down payment kangge numbas sepedhah montor pancen ngantos Rp. 25%.

Kanthi arta Rp. 150 utawi Rp. 200, ing Sala, panjenengan sampun saged dhahar sekul lan jangan ing warung. Malah, kanthi arta Rp. 500, panjenengan sampun saged pikantuk sekul, jangan, lawuh, lan es teh.

Umpami panjenengan  kagungan arta Rp. 400.000 utawi Rp. 450.000, panjenengan sampun saged mundhut pesawat televisi warna ukuran 14 inchi. Saemut kula, reginipun kulkas taksih Rp. 600.000 ngantos Rp. 800.000 (kantun ningali merk sarta spesifikasi).

Saumpami panjenengan saking Wanagiri badhe tindak dhateng Jakarta, tarif bus kelas ekonomi mboten ngantos Rp. 10.000. Paling, tarifipun namung kirang langkung Rp. 7.000 ngantos Rp. 8.000 (kantun ningali perusahaan bus ingkang ngreksa). Saking Pacitan ngantos dugi Sala, tarif bus Aneka Jaya saemut kula Rp. 1.500 ngantos Rp. 2.500.

Ing PerumNas Maja Sanga, Kecamatan Jebres Sala, cicilan griya tipe 36 namung puluhan ewu Rupiah saben wulan (kantun ningali jangka wekdal angsuranipun griya). Ing Sala wonten bus tumpuk Surya Kencana kanthi tarif celak lan tebih Rp. 100 ngantos Rp. 250.

Sinten ingkang kepingin wangsul dhateng dasa warsa 1990 lan ngalami kawontenan kados ingkang kula gambaraken ing nginggil? Tamtunipun, kedah wonten mesin waktu ingkang saged mbeta kita nindakaken time travelling dhateng mangsa ingkang sampun mengker. Piye kabare, le? Isih luwih kepenak jamanku, ta!

Sumber Gambar : M.Face Book

Previous article
Next article

Belum ada Komentar

Posting Komentar

Ads Atas Artikel

Ads Tengah Artikel 1

Ads Tengah Artikel 2

Ads Bawah Artikel